MENGENAL BASA JAWA

Share:


SURASA BASA JAWA 


STANDAR KOMPETENSI: 


Memahami wacana lisan sastra dan nonsastra dalam kerangka budaya Jawa


KOMPETENSI DASAR:


memahami wacana lisan yang memuat parikan yang dibacakan atau melalui berbagai media


A.    AJAR MICARA




PARIKAN

Parikan(Pantun dalam bahasa Indonesia) iku unèn-unèn kang dumadi seka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara. Kang diarani parikan yaiku unèn-unèn mawa paugeran telung warna yaiku :kadédan saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara saben saukara kadedan saka rong gatra, ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.

Tuladha Parikan: Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).


B.    TERANGNA TEGESE PARIKAN IKI!


1.    Nyangking ember kiwa tengen

Lungguh jejer tamba kangen.

Tegese ….



2.    Dondong apa salak, duku cilik-cilik

Gendong apa mbecak, mlaku timik-timik.

Tegese ….



3.    Teklek kecemplung kalen

Timbang golek aluwung balen.

Tegese ….



4.    Wajik Kletik, gula jawa

Luwih becik, sing prasaja.

Tegese ….



5.    Sepet sepet, Sawone mentah

Diempet empet, selak ra betah

Tegese …



6.    wedang bubuk, gula jawa.

Yen kepethuk, ati lega

Tegese ….



7.    Wajik klethik, gula abang

Aja suthik, yen tumandhang

Tegese ….



8.    Kembang jagung, dipethik Cina

Barang wis kadhung, dikapakna

Tegese ….



9.    Godhong kecipir, mrambat kawat

Najan gak mampir, nanging liwat

Tegese ….



10. Manuk kutut, manggunge ngganter

yen ra nurut, bisa keblinger

Tegese ….



11. Manuk emprit, menclok godhong tebu

Dadi murid, sing sregep sinau

Tegese ….



12. Yen kembang kembange lamtara, dudu kembang wora wari

Mumpung sira isih mudha, sing taberi ngati ati

Tegese ….



13. Esuk nyuling sore nyuling, sulinge arek Yogyakarta

Esuk eling sore eling, sing dieling ora rumangsa

Tegese ….



14. Awan awan aja keluyuran, ana pak mantri numpak sekuter

kapan kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter

Tegese ….



C.    PARIKAN PATANG GATRA

     Yaiku parikan kang migunakkae purwakanthi guru swara (sajak): a-b-a-b; Gatra kapisan lan kaping loro minangka sampiran, gatra kaping telu lan kaping papat minangka isi.



Terangna tegese parikan patang gatra ing ngisor iki!

1.    Esuk nembang, sore nembang

          Tembange asmarandhana.

           Esuk ngadhang, sore ngadhang.

           Sing diadhang ora teka-teka.

           Tegese ….



2.    Menyang pasar nitih sekuter,

          Nitih sekuter keno paku.

         Yen arep dadi bocah pinter, 

         Mula pada sregep sinau.

         Tegese ….



3.    Awan awan aja keluyuran,

          Ana pak mantri numpak sekuter.

          Kapan kapan aku keturutan,

           Duwe kanca sinaune pinter.

Tegese ….


     4.    Esuk nyuling sore nyuling,

Sulinge arek Surabaya.

Esuk eling sore eling.

Sing dieling mung Sing Kuasa.

Tegese ….



5.    Yen kembang kembange kacang,

Dudu kembange puspa nyidra.

Isih cilik dikudang kudang,

Bareng gedhe gawe rekasa.

Tegese ….



6.     Wedang bubuk diwenehi Gula Jawa,

Nggawene anggo wirasa.

Yen kepethuk ati lega,

Yen ra kepethuk ati nelangsa.

Tegese ….



7.    Sepet sepet sawone mentah,

Sawo mentah opek ngarep omah.

Diempet empet selak ra betah,

Luwih becik banjur pada nikah.

Tegese ….



8.    Esuk nakir sore nakir

Sing ditakir godhong plasa

Esuk mikir sore mikir

Sing dipikir mung nggolek bandha.

Tegese ….



9.    Jangan kacang jangan kara

Kaduk uyah kurang gula

Piwelingku mring pra mudha

Aja wedi ing rekasa.

Tegese ….



10. Yen kembang kembang cempaka

Dudu kembang arum dalu

Mumpung sira isih mudha

Dena sregep ngudi ngelmu.

Tegese ….



D.   TULISEN NGANGGO AKSARA JAWA TEMBUNG TEMBUNG ING NGISOR IKI!




1.    gatel tangane         : ….

2.    landhep pikire         :….

3.    jembar segarane     :….

4.    amba jangkahe       : ….

5.    cilik atine                : ….

6.    kandel kupinge        : ….

7.    kakehan lambe        : ….

8.    gedhe endhase        : ….

9.    dawa ususe             : ….

10. peteng ulate           : ….


          ARTEKNA AKSARA JAWA ING NGISOR IKI!

1.       pinTe/                        :

2.     k`[ton\            :

3.    [yogYk/t         :

4.        gemBir[lok       :

5.       bnTul\                  :

6.       cuckRw               :

7.      ame=kubuwn      :

8.      lemPuyzn\     :

9.     g[totKc          : 

10. gunu=kiful\      



E.    GARAPAN ING NGOMAH!

          Gawea Parikan 4 gatra cacahe 10 wae!







2 komentar:

  1. Bagaimana cara termudah untuk mengenalkan bahasa Jawa ke anak SD mengingat sekarang SDH jarang sekali orang memakai bahasa Jawa dengan baik dan benar?

    BalasHapus
    Balasan
    1. yang Utama motivasi lewat animasi wayang bu, kalo kita sebagai pendidik di sekolah selalu menambah waktu khusus untuk mengajarkan aksara jawa disertai penugasan dirumah secara teratur seminggu sekali

      Hapus